https://www.facebook.com/groups/1152830604731143/
Makasih kpada pembimbing Kami Ust.RIDHO
karya lwustho❛B❜El_Laskar-saksak'E
Baca juga
al mas'udiyyah
Bismillahirrohmanirrrohim
@ Bab Kalam
Kalam inggih
puniko pundi-pundi lafadz ingkang sampun murokkab, mufid
soho wadho'.
Lafadz : pundi-pundi suanten ingkang mengku salah
setunggalipun huruf hijaiyyah ingkang 28 (wolu likur). Nahwu Zaidun (zain, yak
soho daal-ipun lafadz Zaidun puniko mengku salah setunngalipun huruf
hiijaiyyah). Benten kaliyan suantenipun gendang, gong, gitar lan
lentu-lentunipun ingkang mboten mengku salah setunngalipun huruf hijaiyyah.
Murokkab : pundi-pundi lafadz ingkang sampun dipun susun /
jejer-jejer wonten kaleh lafadz sak peminggah. Sami ugi berfaedah utawi mboten
kados lafadz ; in qooma zaidun.
Mufid : pundi-pundi perkawis ingkang sampun maedahi kanti
sempurno. Seumpaminipun fi'il sampun nutur fa'il, mubtadak sampun nutur khobar,
syarat sampun nutur jawab. Walhasil tuerap mutakalim sampun mboten betah
tanglet maleh. Ewodene keterangan ingkang gegayutan kaliyan fi'il lan fail,
mubtadak lan khobar, syarat lan jawab bade katerangaken wonten ing bab ingkang
bade dumugi, insya Allah.
Wadho' : pundi-pundi lafadz ingkang sampun dipun sejo / dipun
niati bade ngucapaken lafadz puniko deneng tiang arab ( tiang ingkang guneman
). Pramilo ucapanipun tiang ingkang nglindur, ayan, utawi tiang ingkang supe
puniko mboten dipun wastani wadho'.
Dundumanipun
kalam puniko wonten 3 (tigo) inggih puniko : kalimah isim, kalimah fi'il, kalimah
huruf.
Kalimah isim : pundi-pundi kalimah ingkang nedahaken makna
piambakipun kalimah, naminipun tiang, utawi barang tur mboten sesarengan kalian
zaman utawi gampilipun dipun wastani KATA BENDA. Nahwu : zaidun (zaid),
bakrun (bakar), umarun (umar), baitun (rumah), madrasah (sekolahan).
Kalimah fi'il : pundi-pundi kalimah ingkang nedahaken makna
pendamelan (KATA KERJA).
· Menawi sesarengan kalian zaman madhi (zaman ingkang sampun kliwat
"waktu lampau" ) puniko dipun wastani fi'il madhi. Nahwu :
nashoro (menolong), dhoroba (memukul), jaa a (datang),
madda (panjang).
· Menawi sesarengan kalian zaman chal (zaman ingkang saweg dipun
adepi/leksanani "masa sekarang") utawi zaman istiqbal (zaman
ingkang bade dipun leksanani "masa yang akan datang" ) puniko
dipun wastani fi'il mudhori'. Nahwu : yanshuru (sedang/akan menolong),
yasyhadu (sedang/akan menyaksikan), yamuddu (sedang/akan memanjang).
· Menawi sesarengan kalian zaman istiqbal tur tedah makna perintah puniko
dipun wastani fi'il amar. Nahwu : unshur (tolonglah), isyhad (saksikanlah),
ughzu (peranglah).
Kalimah huruf : kalimah ingkang waget nedahaken makna naliko kempal
kalian kalimah ingkang lentu. Nahwu : hal, fii, lam. Tigo huruf meniko mbten
nggadahi mana kejawi kempal kalian kalimah lentu. nahwu : hal qooma (berdirikah?),
fii baiti ihsanin (di rumah ihsan), lam yaqum (belum berdiri).
* Kalimah isim
Tetenger/alamatipun
kalimah isim puniko wonten 4 (sekawan) inggih puniko :
1. I’rob Jer (harokat
kasroh). Nahwu : ibnu zaidin (putra zaid).
2. Tanwin.
Nahwu : zaidun.
3. Majing/mlebetipun
Al (alif lam). Nahwu : albaitu.
4. Manjing/mlebetipun
huruf jer (huruf ingkang waget ndadosaken kasroh wonten akhiripun kalimah
isim). Nahwu : filmasjidi (di dalam masjid).
Keterangan : alif lam soho tanwin puniko mboten waget kempal
dados setunggal (menawi sampun wonten alif lam, mboten kenging dipun panjingi
tanwin) mekaten ugi sak wangsulipun.
Huruf jer (huruf ingkang waget ndadosaken kasroh wonten
akhiripun kalimah isim) puniko wonten 10 (sedoso) inggih puniko :
1. Min (ngangge
makna Ibtidak “kawitan”). Nahwu : sirtu minal baiti (saya berjalan
dari rumah)
2. Ila (ngangge
makna Intiha “pungkasan”). Nahwu : sirtu ilal masjidi (saya berjalan
menuju masjid)
3. ‘an (ngangge
makna Mujawazah “keliwat”). Nahwu : qumtu ‘anil kursiy (saya berdiri
dari kursi)
4. ‘ala
(ngangge makna Isti’la’ “ingatase”). Nahwu : jalastu ‘alal maq’adi (saya
duduk di atas bangku)
5. Fii (ngangge
makna Dhorof “ing dalem”). Nahwu : al maa u fil kuuzi (air itu di dalam
kendi)
6. Rubba
(ngangge makna Taqlil “terkadang”). Nahwu : rubba rojulin karimin
laqoituhu (saya jarang berjumpa dengan seorang laki-laki yang mulia)
7. Bi (ngangge
makna Ilshoq “tetemu”). Nahwu : marortu bibakrin (saya berjalan
bertemu bakar)
8. Ka (ngangge
makna Tasybih “madaake”). Nahwu : zaidun kal asadi (zaid seperti
harimau)
9. La/li
(ngangge makna Milkun “miliki”). Nahwu : alkitabu lizaidin (kitab itu
milik zaid)
10. Huruf qosam
: huruf ingkang kangge perabot/perlengkapan sumpah. Huruf qosam punko wonten 3
(tigo) inggih puniko : wawu, bak lan tak. Ananging ketigo huruf puniko waget
kangge sumpah kedah kagandeng kalian lafadz Allah. Nahwu : Billahi, Wallahi,
Tallahi (artosipun sami inggih puniko DEMI ALLAH)
* Kalimah fi’il
Tetenger/alamatipun
kalimah fi’il puniko wonten 4 (sekawan) inggih puniko :
1. Huruf Qod.
Waget manjing wonten fi’il madhi lan fi’il mudhori’. Menawi manjing wonten
fi’il madhi, qod puniko nggadahi makna estu-estu “benar-benar”. Nahwu : qod
qooma amrun (amr benar-benar sudah berdiri). Lan menawi manjing wonten
ing fi’il mudhori’, qod puniko nggadahi makna terkadang “kadang-kadang”/belum
tentu. Nahwu : qod yaquumu zaidun (zaid kadang-kadang berdiri)
2. Huruf Sin.
Khusus manjing wonten ing kalimah fi’il mudhori’. Sin ingkang manjing wonten
kalimah fi’il mudhori’ puniko nedahaken bilih pendamelan puniko bade kalampahan
wonten ing dalem wekdal ingkang antawis dangu. Nahwu : sayaquumu zaidun
(zaid akan berdiri dalam waktu yang agak lama)
3. Huruf Saufa.
Khusus manjing wonten kalimah fi’il mudhori’. Saufa ingkang manjing puniko
ndadosaken pendamelanipun fi’il mudhori’ langkung dangu ketimbang sin. Nahwu : saufa
yaquumu zaidun (zaid akan berdiri dalam waktu yang lama)
4. Huruf Ta’
ta’nits sakinah (ta’ yang mati). Khusus manjing wonten ing fi’il madhi.
Ndadosaken fi’il madhi puniko kedah dipun gandeng kalian isim ingkang estri
“perempuan”. Nahwu : qoomat hindun (hindun sudah berdiri). menawi
dipun gandeng kalian kalimah isim jaler “laki-laki” mboten kenging/tidak
sah/tidak diperbolehkan. Nahwu : qoomat zaidun (zaid sudah berdiri).
Kalimah kados meniko mboten kenging/tidak diperbolehkan/salah besar.
* Kalimah huruf
Tetenger/alamatipun
kalimah huruf inggih puniko pundi-pundi kalimah ingkang mboten patut/pantes
menawi dipun panjingi tetenger/alamatipun kalimah isim/fi’il. Nahwu : fii,
‘inda, laa. Fii, ‘inda lan laa puniko mboten patut menawi dipun panjingi tanwin
dados fiin, utawi qod dados qodfii, semanten ugi huruf ingkang lentu.
* Bab I’rob
I’rob inggih puniko : owah/malehipun akhiripun kalimah keranten
benten-bentenipun ‘amil ingkang manjing, sami ugi owah ing ndalem lafadzipun
Nahwu : jaa a zaidun, roaitu zaidan, marortu bizaidin.
Utawi owah ing ndalem perkiraanipun Nahwu : jaa alfataa, roaitul fataa,
marortu bilfataa.
Dundumanipun
I’rob puniko wonten 4 (sekawan) inggih puniko :
1. I’rob Rafa’,
Nahwu : jaa a zaidun (zaid datang)
2. I’rob
Nashob, Nahwu : roaitu zaidan (saya melihat zaid)
3. I’rob
Khofadz (jer), Nahwu : marortu bizaidin (saya berjalan bertemu dengan
zaid)
4. I’rob Jazm,
Nahwu : lam yaqum (tidak akan berdiri)
I’rob
sekawan puniko ingkang waget manjing wonten ing dalem kallimah isim puniko
wonten 3 (tigo) inggih puniko : I’rob rafa’, nahwu: zaidun qooimun,
I’rob Nashob, nahwu : roaitu zaidan lan I’rob khofadz (jer), nahwu :
marortu bizaidin.
Teras
ingkang waget manjing wonten ing dalem kalimah fi’il puniko ugi wonten 3 (tigo)
inggih puniko : I’rob rafa’, nahwu: yaquumu, I’rob nashob, nahwu : lan
yaquuma lan I’rob jazm, nahwu : lam yaqum.
* Bab Ma’rifat ‘Alamatil I’rob
-Rafa’
I’rob Rafa’
puniko nggadahi alamat 4 (sekawan) inggih puniko :
1. Harokat
Dhommah, nahwu :
yanshuru zaidun (zaid akan/sedang menolong)
2. Huruf wawu, nahwu : jaa a muslimuuna (orang-orang
Islam itu sudah datang semua)
3. Huruf alif, nahwu : jaa a rojulaani (kedua
lelaki itu sudah datang)
4. Itsbat nun (tetepipun nun), nahwu : yaquumani
(mereka berdua akan/sedang duduk)
Harokat Dhommah
Harokat Dhommah dados tetenger/alamatipun I’rob rafa’
puniko manggen wonten ing 4 (sekawan) panggenan. Inggih puniko :
1. Isim Mufrod
inggih puniko setunggalipun kalimah ingkang nedahaken makna setunggal, sami ugi
jaler utawi estri. Nahwu : zaidun “jaler” (satu orang zaid), hindun
“estri” (satu orang hindun)
2. Isim Jama’
Taksir inggih puniko pundi-pundi kalimah isim ingkang nedahaken makna kathah
kanthi ngowahi/ngerubah saking mufrodipun. Nahwu : rijalun (laki-laki banyak)
berasal sangking lafadz mufrod rojulun, hunuudun (hindun banyak) berasal
sangking lafadz mufrod hindun
3. Isim Jama’
Muannats Saliim inggih puniko setunggalipun kalimah isim ingkang nggadahi makna
estri kathah kanthi nambahi huruf alif lan ta’ wonten akhiripun kalimah isim
mufrod. Nahwu : muslimaatun (orang islam perempuan banyak)
berasal dari lafadz mufrod musllimun
4. Fi’il
mudhori’ inggih puniko setunggalipun kalimah fi’il ingkang sesarengan kalian
zaman chal (sekarang) atau zaman istiqbal (yang akan datang).
Nahwu : yaquumu (dia (lk) akan/sedang berdiri), yanshuru (dia
(lk) akan/sedang menolong), yaftachu (dia (lk) akan/sedang
membuka)
Huruf Wawu
Huruf Wawu dados tetenger/alamatipun I’rob rafa’
puniko manggen wonten ing 2 (kaleh) panggenan. Inggih puniko :
1. Isim Jama’
Mudzakkar Saalim inggih puniko setunggalipun kalimah isim ingkang nedahaken
makna jaler kathah tur mboten owah sangking mufrodipun. Anggenipun ndadosaken
jama’ mudzakar saalim puniko kantun nambahi huruf wawu lan nun wonten akhiripun
kalimah isim mufrod puniko. Nahwu : Muslimuuna (orang islam laki-laki
banyak) berasal sangking lafadz mufrod muslimun
2. Asmaaul
khomsah (Isim ingkang 5 (gangsal)). rupinipun inggih puniko : abun (ayah),
akhun (saudara laki-laki), chamun (paman), famun (mulut),
dzu (yang mempunyai). Dene syaratipun asmaaul khomsah waget dados
tetengeripun I’rob rafa’ inggih puniko kedah dipun mudhofaken (dipun gandeng
kalian kalimah lentu). Nahwu : jaa a abuuka wa akhuuka wa
chamuuka wa dzuumaalin wa fataha fuuka (ayahmu, saudara
(lk) kamu, pamanmu dan orang yang mempunyai harta sudah datang dan mulutmu
sudah terbuka).
Huruf Alif
Huruf Alif dados tetenger/alamatipun I’rob rafa’
puniko manggen wonten ing 1 (setunggal) panggenan inggih puniko Isim Tasniyah :
setunggalipun kalimah isim ingkang nedahaken makna 2 (kaleh) sami ugi jaler
nahwu : zaidaani (dua zaid) utawi estri nahwu : hindaani (dua
hindun)
Itsbat nun (Nun)
Itsbat nun (Nun) dados tetenger/alamatipun I’rob rafa’
puniko manggen wonten ing 1 (setunggal) panggenan inggih puniko : kalimah fi’il
mudhori’ ingkang akhiripun kepanjingan syaik.
Dene
rupinipun syaik inggih puniko ;
1. Dhomir alif
tasniyyah (dhomir ingkang nedahaken makna 2 (kaleh)). Nahwu : yaquumaani
(mereka berdua akan/sedang berdiri), taquumaani (kamu berdua
akan/sedang berdiri)
2. Dhomir wawu
jamak (dhomir ingkang nedahaken makna kathah). Nahwu : yaquumuuna (mereka
semua akan/sedang berdiri), taquumuuna (kamu semua akan/sedang
berdiri)
3. Dhomir ya’
muannatsah mukhotobah (dhomir ingkang nedahaken makna estri kanggenipun tiang
ingkang dipun ajak guneman). Nahwu : taquumiina (kamu (pr)
akan/sedang berdiri)
Fi’il mudhori’ ingkang akhiripun pinanggih syaik
puniko dipun wastani Af’aalul khomsah (fi’il ingkang 5 (gangsal))
-Nashob
I’rob Nashob
puniko nggadahi alamat/tetenger 5 (gangsal) inggih puniko ;
1. Harokat
Fathah. Nahwu :
lan anshuro zaidan (saya tidak akan menolong zaid)
2. Huruf Alif. Nahwu : roaitu abaaka (saya
mellihat ayahmu)
3. Harokat
Kasroh. Nahwu :
roaitul muslimaati (saya sedang melihat orang islam (pr) banyak)
4. Huruf Yak. Nahwu : nashortu zaidaini/zaidiina
(saya menolong kedua zaid/zaid banyak)
5. Hadzfunnun
(membuang nun). Nahwu :
lan tanshuroo (kamu (lk) dua tidak akan menolong)
Harokat Fathah
Harokat Fathah dados alamat/tetengeripun I’rob nashob
puniko manggen wonten ing 3 (tigo) panggenan, inggih puniko ;
1. Isim mufrod
inggih puniko setunggalipun kalimah ingkang nedahaken makna setunggal, sami ugi
jaler utawi estri. Nahwu : roaitu zaidan wa hindan (saya
melihat zaid dan hindun)
2. Isim Jama’
Taksir inggih puniko pundi-pundi kalimah isim ingkang nedahaken makna kathah
kanthi ngowahi/ngerubah saking mufrodipun. Nahwu : roaitu rijaalan wa
hunuudan (saya melihat lelaki banyak dan hindun banyak)
3. Fi’il
mudhori’ ingkang kepanjingan ‘amil nashib (yang dapat menashobkan kalimah
fi’il) lan akhiripun mboten pinanggih syaik. Nahwu : lan aquuma (saya
tidak/belum berdiri)
Huruf Alif
Huruf Alif dados alamat/tetengeripun I’rob nashob
puniko manggen wonten ing 1 (setunggal) panggenan, inggih puniko ; Asmaaul
Khomsah (isim ingkang 5 (gangsal)). Nahwu : roaitu abaaka wa akhooka
wa chamaaka wa dzaa maalin wafatahtu faaka (saya
melihat ayahmu, saudara (lk) kamu dan orang yang mempunyai harta dan saya
membuka mulutmu)
Harokat Kasroh
Harokat Kasroh dados alamat/tetengeripun I’rob nashob
puniko manggen wonten ing 1 (setunggal) panggenan, inggih puniko : Isim Jama’
muannats saalim (isim jama’ ingkang tedah makna estri “perempuan”).
Nahwu : roaitul muslimaati (saya melihat orang islam (pr) banyak)
Huruf Yaak
Huruf Yaak dados alamat/tetengeripun I’rob nashob
puniko manggen wonten ing 2 (kaleh) panggenan, inggih puniko ;
1. Isim
tasniyah inggih puniko setunggalipun kalimah isim ingkang nedahaken makna 2
(kaleh) sami ugi jaler utawi estri. Nahwu : roaitu zaidaini wahindaini
(saya melihat dua zaid dan dua hindun)
2. Isim jama’
mudzakkar saalim inggih puniko setunggalipun kalimah isim ingkang nedahaken
makna jaler kathah tur mboten owah sangking mufrodipun. Anggenipun ndamel isim
puniko wonten ing I’rob nashob inggih puniko kantun dipun tambah huruf yak lan
nun wonten ing akhiripun kalimah isim mufrod kanthi huruf yak pejah,
sakderengipun huruf yak puniko dipun harokati kasroh lan huruf saksampunipun
huruf yak puniko dipun harokati fathah. Nahwu : roaitu zaidiina wa
muslimiina (saya melihat zaid banyak dan orang islam (lk) banyak)
Hadzfunnun (membuang nun)
Hadzfunnun (membuang nun) dados alamat/tetengeripun
I’rob nashob puniko manggen wonten ing 1 (setunggal) panggenan, inggih puniko ;
sedoyo fi’il ingkang wonten I’rob rafa’ dipun tengeri mawi tsubutunnun (nun).
Nahwu : lan yaquumaa (kedua lelaki itu tidak berdiri), lan yaquumuu
(dia (lk) banyak tidak berdiri), lan taquumuu (kamu semua
tidak berdiri), lan taquumaa (kamu berdua tidak berdiri), lan
taquumuu (kamu semua tidak berdiri), lan taquumii (kamu
(pr) tidak berdiri)
-hadzfu (Jer)
I’rob jer
puniko nggadahi alamat/tetenger 3 (tigo) inggih puniko ;
1. Harokat
kasroh. Nahwu : marortu bizaidin (saya berjalan bertemu dengan zaid)
2. Huruf yak.
Nahwu : marortu bizaidiina (saya berjalan bertemu dengan zaid banyak)
3. Harokat
Fathah. Nahwu : marortu biahmada (saya berjalan bertemu dengan ahmad)
Harokat kasroh
Harokat Kasroh dados alamat/tetengeripun I’rob jer
puniko manggen wonten ing 3 (tigo) panggenan, inggih puniko ;
1. Isim mufrod
munshorif inggih puniko setunggalipun isim ingkang nedahaken makna seunggal
sami ugi jaler utawi estri ingkang kenging dipun tanwin. Nahwu : marortu bizaidin
(saya berjalan bertemu dengan zaid)
2. Isim jama’
taksir munshorif inggih puniko pundi-pundi kalimah isim ingkang nedahaken makna
kathah kanthi ngowahi/ngerubah saking mufrodipun lan ingkang waget dipun
tanwin. Nahwu : marortu birijaalin (saya berjalan bertemu dengan
beberapa laki-laki)
3. Isim jama’
muannats saalim inggih puniko setunggalipun kalimah isim ingkang nggadahi makna
estri kathah kanthi nambahi huruf alif lan ta’ wonten akhiripun kalimah isim
mufrod. Nahwu : marortu bilmuslimaati (saya berjalan bertemu dengan
beberapa orang islam (pr))
Huruf Yak
Huruf Yak dados alamat/tetengeripun I’rob jer puniko
manggen wonten ing 3 (tigo) panggenan, inggih puniko ;
1. Asmaaul
khomsah (Isim ingkang 5 (gangsal)). Nahwu : marortu biabiika wa
akhiika wachamiika wa dziimaalin wa aftahtul baaba bifiika
(saya berjalan bertemu dengan ayahmu, saudara (lk) kamu, pamanmu dan orang
yang mempunyai harta dan saya membukakan pintu dengan mulutmu)
2. Isim
tasniyah (isim yang mempunyai makna 2 (dua)). Nahwu : marortu bizadaini
(saya berjalan bertemu dengan dua zaid)
3. Isim jama’
mudzakkar saalim (isim yang mempunyai makna banyak “lebih dari dua”).
Nahwu : marortu bizaidiina (saya berjalan bertemu dengan zaid banyak)
Harokat Fathah
Harokat Fathah dados alamat/tetengeripun I’rob jer
puniko manggen wonten ing 1 (setunggal) panggenan, inggih puniko ; isim ghoiru
munshorif (isim ingkang mboten nerimo tanwin) inggih puniko isim ‘alam (naminipun
tiang, kadosto ; Ibrohim, Isma’il), asma ‘ajam (bahasa ingkang sak
lentunipun bahasa arab, kadosto ; Iraq, mesir, Indonesia). Nahwu : marortu
biahmada (saya berjalan bertemu dengan ahmad)
-Jazm
I’rob jazm
puniko nggadahi alamat/tetenger 2 (kaleh) inggih puniko ;
1. Sukun (mati).
Nahwu : lam yaqum (saya tidak berdiri)
2. Hadzfu (membuang).
Nahwu : lam yaquumaa (mereka berdua tidak berdiri)
Sukun
Sukun dados alamat/tetengeripun I’rob jazm puniko
manggen wonten ing 1 (setunggal) panggenan, inggih puniko ; Fi’il mudhori’
ingkang shohihul aakhir (huruf akhir fi’il mudhori’ puniko mboten rupi wawu,
alif utawi yak). Nahwu : lam yaqum (dia (lk) tidak berdiri), lam
tanshur (kamu (lk) tidak menolong).
Hadzfu
Hadzfu dados alamat/tetengeripun I’rob jer puniko
manggen wonten ing 2 (kaleh) panggenan, inggih puniko ;
1. Fi’il
mudhori’ mu’tal akhir (fi’il mudhori’ ingkang akhiripun rupi huruf wawu, alif
utawi yak) puniko dipun tengeri mawi bucal huruf ‘illatipun (wawu, alif lan
yak) ingkang wonten akhiripun kalimah fi’il puniko. Nahwu : lam yaghzu (dia
(lk) tidak berkelahi) asalipun inggih punikko lam yaghzuu, lam tarmi
(kamu (lk) tidak sedang melempar) asalipun inggih puniko lam tarmii.
2. Af’aalul
khomsah ingakng I’rob rafa’ dipun tengeri mawi tsubutunnun (nun). Wonten ing
I’rob jazm puniko dipun tengeri mawi hadzfunnun (buang nun). Nahwu : lam
yaf’alaa (mereka berdua tidak melakukan pekerjaan), lam taf’alaa
(kamu berdua tidak melakukan pekerjaan), lam yaf’aluu (mereka
tidak melakukan pekerjaan), lam taf’aluu (kamu semua tidak
melakukan pekerjaan), lam taf’alii (kamu (pr) tidak melakukan
pekerjaan). Asalipun inggih puniko ; yaf’alaani, taf’alaani,
yaf’aluuna, taf’aluuna, taf’aliina.
* Fashlun
Kalimah
ingkang kenging dipun I’rob puniko wonten werni 2 (kaleh) inggih puniko :
1. Dipun I’rob
mawi harokat
2. Dipun I’rob
mawi huruf
I’rob mawi
harokat
Kalimah
ingkang dipun I’rob mawi harokat puniko wonten 4 (sekawan) inggih puniko ;
1. Isim mufrod
2. Isim jama’
taksir
3. Isim jama’
muannats saalim
4. Fi’il
mudhori’ ingkang akhiripun mboten rupi syaik
Sedoyo
kalimah ingkang kasebat wonten nginggil puniko I’rob rafa’-ipun dipun tengeri
mawi harokat dhommah, nashob mawi harokat fathah, khofadz (jer) mawi harokat
kasroh lan jazm mawi sukun kejawi kalimah tigo wonten ing ngandap puniko ;
1. Isim jama’
muannats saalim nashob-ipun dipun tengeri mawi harokat kasroh
2. Isim ghoiru
munshorif (isim ingkang mboten nerimo tanwin) khofadz (jer)-ipun dipun tengeri
mawi harokat fathah
3. Fi’il
mudhori’ ingkang akhiripun rupi ‘illat (huruf wawu, alif utawi yak) jazm-ipun
dipun tengeri mawi hadzfu harfil ‘illat (mbucal huruf ‘illat)
I’rob mawi
huruf
Kalimah
ingkang dipun I’rob mawi huruf puniko wonten 4 (sekawan) inggih puniko ;
1. Isim
tasniyah (isim ingkang nedahaken makna 2 (kaleh)) puniko I’rob
rafa’-ipun dipun tengeri mawi huruf alif, I’rob nashob lan jer-ipun dipun
tengeri mawi huruf yak
2. Isim jama’
mudzakkar saalim (isim ingkang nedahaken makna jaler kathah) puniko
I’rob rafa’ dipun tengeri mawi huruf wawu, I’rob nashob lan jer-ipun dipun
tengri mawi huruf yak
3. Asmaaul
khomsah (isim ingkang 5 (gangsal)) puniko I’rob rafa’-ipun dipun tengeri
mawi huruf wawu, I’rob nashob-ipun dipun tengeri mawi huruf alif lan I’rob
jer-ipun dipun tengeri mawi huruf yak
4. Af’aalul
khomsah (fi’il ingkang 5 (gangsal)) puniko I’rob rafa’-ipun dipun
tengeri mawi tsubutunnun (tetepipun nun), I’rob nashob lan jazm-ipun
dipun tengeri mawi hadzfunnun (mbuang nun)
* Babul Af’aal
Kalimah
fi’il puniko wonten werni 3 (tigo) inggih puniko ;
1. Fi’il madhi
inggih puniko pundi-pundi kalimah ingkang nedahaken makna kanthi piambakipun
kalimah tur sesarengan kalian zaman madhi (zaman ingkang sampun dipun lampahi).
Tetengeripun kalimah fi’il madhi inggih puniko akhiripun patut dipun panjingi
tak ta’nis sakinah (huruf tak ingkang pejah ingkang kangge nedahaken makna
estri “perempuan”. Nahwu : nashoro … nashorot. Kalimah fi’il puniko dipun
fathah akhiripun selami-laminipun, wonten kalanipun fathah puniko dhohir kados
lafadz nashoro (menolong) utawi fathahipun muqoddar kados lafadz
saroo (berjalan), fatahtu (saya membuka) ”fathahipun fi’il
madhi dipun sukun”, fatahuu (mereka membuka) ”harokat
fathahipun fi’il madhhi dipun gantos dhommah”.
2. Fi’il
mudhori’ inggih puniko pundi-pundi kalimah fi’il ingkang nedahaken makna kanthi
piambakipun kalimah ingkang sesarengan zaman chaal (zaman ingkang saweg
dipun lampahi) utawi zaman istiqbaal (zaman ingkang bade dipun lampahi).
Tetengeripun puniko dipun kawiti salah setunggalipun huruf mudhoro’ah inggih
puniko ; hamzah = anshuru (saya akan menolong), nuun = nanshuru
(kita akan menolong), yak = yanshuru (dia (lk) akan menolong),
taak = tanshuru (kamu (lk) akan menolong atau dia (pr) akan menolong).
Fi’il mudhori’ puniko dipun rafa’aken selawasipun kejawi kepanjingan ‘amil
nashib (ingkang waget ndadosaken fi’il mudhori’ dados nashob) utawi
‘amil jazim (ingkang waget ndadosaken fi’il mudhori’ dados jazm).
Ewondenten
‘amil nashib puniko wonten 10 (sedoso) inggih puniko :
a) An, nahwu :
yuhibbuni antaftahal baaba (dengan kamu membuka pintu itu, hatiku
menjadi senang)
b) Lan, nahwu :
lan aquuma (saya tidak akan bangun)
c) Idzan, nahwu
: idzan ukrimuka (ketika itu, aku akan memuliakanmu)
d) Kay, nahwu :
nashortu kay aakhudzul maala (saya akan menolong supaya saya mendapat
uang)
e) Laamu kay,
nahwu : ji’tu liaqroal qur’aana (aku datang supaya aku membaca
al-qur’an)
f) Laam juhud,
nahwu : wamaa kaanallohu liyu’adzdzibahum (tidaklah Allah ingin menyiksa
mereka)
g) Chatta,
nahwu : chattaa adkhulal jannata (sehingga aku masuk ke surga)
h) Jawab bil
faa’, nahwu : aqbil fauhsina ilaika (menghadaplah, maka aku akan
berbuat baik kepadamu)
i) Jawab bil
waawi, nahwu : laa tadkhulil baita wau’adzdzibaka (janganlah kamu
masuk ke rumah itu besertaan ketika kamu masuk, aku akan menyiksamu)
j) Jawab bi au,
nahwu : uqtulil kaafiro au yuslima (bunuhlah orang kafir itu! Jika
tidak ajaklah dia menjadi muslim)
Wondenten
‘amil jazim puniko wonten 18 (wolulas) inggih puniko ;
a) Lam, nahwu :
lam aqum (saya tidak akan berdiri)
b) Lammaa,
nahwu : lammaa yaghzuu ihsaanun (ihsan sudah tidak perang)
c) Alam, nahwu
: alam nashroh laka shodroka? (apakah aku belum membuka dadamu?)
d) Alammaa,
nahwu : alammaa uhsin ilaika? (apakah aku belum berbuat baik
kepadamu?)
e) Laam amr,
nahwu : liyunfiq dzuu sa’atin (bernafaqohlah bagi yang mempunyai
kelebihan nikmat)
Laam du’a,
nahwu : liyaqdhi ‘alainaa robbuka (supaya tuhanmu mencukupi kita)
f) Laa nahi,
nahwu : laa taqum ‘indii (janganlah berdiri di depanku)
Laa du’a,
nahwu : robbanaa laa tuaakhidznaa (wahai tuhan kami, janganlah engkau
menyiksa kami)
g) In, nahwu : in
qooma zaidun qumtu (jika zaid berdiri, maka aku juga berdiri)
h) Maa, nahwu :
wamaa af’aluu ya’lamhuullohu (sesuatu yang aku kerjakan pastilah
Allah mengetahuinya)
i) Man, nahwu :
man yaf’al bihoirin ya’lamhu (barang siapa berbuat kebaikan, maka dia
akan mengetahuinya)
j) Mahmaa,
nahwu : mahmaa taqum aqum (ketika kamu berdiri, aku juga berdiri)
k) Idzmaa,
nahwu : idzmaa yaqum bakrun aqum (jika bakar berdiri, maka aku juga
berdiri)
l) Ayyun, nahwu
: ayyun taf’al af’al (dimanapun ketika kamu melakukan pekerjaan, aku
melakukannya juga)
m) Mataa, nahwu
: mataa ta’tinaa ukrimuka (ketika kamu datang kepadaku, aku akan memuliakanmu)
n) Ayyaana,
nahwu : ayyaana taqum aqum ma’aka (dimanapun kamu berdiri akupun
berdiri disampingmu)
o) Aina, nahwu
: aina tajlis ajlis ma’aka (dimanapun kamu duduk, akupun duduk
disampingmu)
p) Annaa, nahwu
: annaa taq’ud aqum (ketika kamu duduk, maka aku berdiri)
q) Haitsumaa,
nahwu : haitsumaa tastaqim yuqoddir lakallohu najaahan fii ghoobiril
azmaan (ketika kamu beristiqomah, maka Allah akan mentaqdir dirimu menjadi
orang yang selamat di akhir zaman)
r) Kaifamaa,
nahwu : kaifamaa taqro’ aqro’ ma’aka (bagaimanapun kamu membaca,
akupun membaca sama sepertimu)
s) Idza khusus
manggen wonten ing syi’ir. Nahwu : istaghni maa aghnaaka robbuka bilghinaa * waidza
tushibka khoshoshotun fatahammali (bercuukup-cukuplah kamu, maka tuhanmu
akan membutmu menjadi kaya * dan ketika kamu dilanda kekurangan, kamu akan
tetap bertahan atas cobaan itu)
3. Fi’il amar
inggih puniko setunggalipun kalimah fi’il ingkang nedahaken makna perintah tur
sesarengan kalian zaman istiqbaal (zaman ingkang bade dpun lampahi). Dene
tetengeripun inggih puniko patut dipun panggihi yak muannatsah mukhotobah
(huruf yak ingkang maedahi kangge tiang ingkang dipun ajak guneman ingkang
estri). Nahwu : uf’ul …. Uf’ulii. Fi’il amar puniko dipun jazemaken (dipun
sukun) selawasipun. Kejawi naliko pinanggih syaik dados mabni hadzfunnun,
naliko pinanggih huruf ‘illat dados mabni hadzfu harfil ‘illat, naliko
pinanggih nun taukid tsaqilah utawi khofifah dados mabni fathah.
* Bab Marfuu’atil Asmaa
Isim ingkang
dipun rafa’aken puniko wonten 7 (pitu) inggih puniko ;
1. Faa’il
inggih puniko setunggalipun isim ingkang dipun tutur fi’ilipun wonten
sakderengipun fa’il puniko. Isim fa’il dipun bagi dados 2 (kaleh) inggih puniko
;
a) Isim dhohir
inggih puniko isim ingkang nedahaken seunggalipun perkawis kanthi mboten mawi
qorinah ghoibah utawi hudzur. Nahwu : qooma zaidun (zaid berdiri),
qoomatil hunuudu (beberapa hindun berdiri), qooma akhuuka
(saudara (lk) kamu berdiri).
b) Isim dhomir
inggih puniko isim ingkang lafadzipun nedahaken makna mutakallim (aku), mukhotob
(siro), ghoib (deweke). Nahwu : qumtu, qumnaa, qumta, qumti,
qumtuma, qumtum, qumtunna, qooma, qoomaa, qoomataa,
qoomuu, qumna (aku berdiri, kita berdiri, kamu (lk) berdiri,
kamu (pr) berdiri, kamu berdua berdiri, kamu semua (lk) berdiri, kamu semua
(pr) berdiri, dia (lk) berdiri, mereka berdua (lk) berdiri, mereka berdua (pr)
berdiri, mereke semua (lk) berdiri, mereka semua (pr) berdiri)
2. Maf’ul lam
yusamma fa’iluhu inggih puniko maf’ul ingkang ngenggen-nggeni panggenanipun
fa’il kanthi mboten nutur fa’il, lan isim puniko dumawah saksampunipun fi’il
ingkang mabni majhul. Nahwu : futihal baabu (pintu itu terbuka). Anggenipun
ndamel fi’il ingkang mabni majhul inggih puniko menawi fi’il madhi dipun
dhommah huruf ingkang awal lan dipun kasroh huruf sakderengipun akhir, nahwu : fataha
dados futiha. Dene menawi fi’il mudhori’ inggih puniko dipun dhommah
huruf ingkang kawitan lan dipun fathah huruf sakderengipun akhir, nahwu: yaftahu
dados yuftahu. Maf’ul lam yusamma fa’iluhu puniko ugi dipun bagi dados 2
(kaleh) inggih puniko ;
a) Isim dhohir,
nahwu : futihal baabu (pintu itu dibuka), yuftahul baabu (pintu
itu akan dibuka), yukromu zaidun (zaid itu dimuliakan)
b) Isim dlomir,
nahwu : futihtu, futihna, futihta, futihti, futihtumaa,
futihtum, futihtunna, futiha, futihat, futihaa,
futihataa, futihuu, futihna (aku dibuka, kita dibuka,
kamu (lk) dibuka, kamu (pr) dibuka, kamu berdua dibuka, kamu semua (lk) dibuka,
kamu semua (pr) dibuka, dia (lk) dibuka, dia (pr) dibuka, dia berdua
dibuka,mereka semua (lk) dibuka, mereka semua (pr) dibuka)
3. Mubtadak lan
khobar inggih puniko setunggalipun tarkib ugi ingkang dipun rafa’aken ingkang
setunggal kalian setunggalipun puniko saling gegantungan. Nahwu : zaidun
qooimun (zaid berdiri) “lafadz zaidun dados mubtadak lan lafadz qooimun dados
khobar”.
Mubtadak
puniko dipun bagi dados 2 (kaleh) inggih puniko dzohir lah dlomir. Ingkang
dhohir kados isim ingkang sampun dipun tutur wonten ngajeng, nahwu : zaidun,
bakrun, baitun lan lentu-lentunipun. Dene ingkang dlomir inggih puniko : huwa,
humaa, hum, hiya, hunna, anta, antumaa, antum, anti, antunna, ana, nahnu (dia
(lk), dia berdua (lk/pr), mereka (lk), dia (pr), mereka (pr), kamu (lk), kamu
berdua (lk/pr), kamu semua (lk), kamu (pr), kamu semua (pr), saya, kita)
Dene khobar
puniko ugi wonten werni 2 (kaleh) inggih puniko mufrod lan ghoiru mufrod.
Ø Khobar mufrod , nahwu : zaidun qooimun, zaidaani qooimaani, zaiduuna
qooimuuna
Ø Khobar ghoiru mufrod puniko wonten werni 4 (sekawan) inggih puniko : jar
majrur nahwu zaidun fiddaari (zaid di rumah), dzorof nahwu
zaidun ‘indaka (zaid di sampingmu), fi’il lan fa’il nahwu zaidun
qooma abuuhu (ayah zaid itu berdiri), mubtadak khobar nahwu
zaidun ibnuhuu qooimun (anak zaid itu berdiri)
‘amil
ingkang manjing lan waget ngrubah susunanipun mubtadak lan khobar puniko wonten
3 (tigo) inggih puniko;
Ø Kaana lan sederekipun puniko ngrafa’aken mubtadak lan nashobaken khobar,
nahwu : zaidun qooimun dados kaana zaidun qooiman (zaid
berdiri). Dene sederekipun kaana inggih puniko : amsaa (manjing esuk),
ashbaha (manjing esuk), adlzha (manjing wektu dluha), dzolla (wis
dadi), baata (sewengi-wengi), shooro (dadi), laisa (ora
ono), maa zaala (ora ilang-ilang), maa infakka (ora wis-wis),
maa fati a (ora lebar-lebar), maa bariha (ora liren-liren), maa
daama (selagine langgeng) lan perkawis ingkang dipun tashrif saking
lafadz ingkang sampun kasebat. Nahwu : kaana yakuunu kun (ada, aka nada,
jadilah)
Ø Inna lan sederekipun puniko nashobaken mubtadak lan ngerafa’aken
khobaripun, nahwu : zaidun qooimun dados inna zaidan qooimun (zaid
berdiri). Dene sederekipun inna inggih puniko : anna (setuhune),
lakinna (tetapine), kaanna (koyo-koyo setuhune), laita (menawane),
la’alla (menawane). Nahwu : laita bakrun munfaridan (seumpama bakar
itu sendirian)
Ø Dzonna puniko ndadosaken mubtadak lan khobar dados maf’ul kalehipun dzonna,
nahwu : zaidun qooimun dados dzonantu zaidan qooiman (saya
mengira zaid itu berdiri). Dene sederekipun dzonna “dzonantu” inggih puniko
: hasibtu (nyono sopo ingsun), khiltu (nyono sopo ingsun),
za’amtu (nyipto sopo ingsun), roaitu (nekodake sopo ingsun),
‘alimtu (ngyakinake sopo ingsun), wajadtu (wes nemu sopo ingsun),
ittakhodztu (ngalap sopo ingsun), ja’altu (ndadeake sopo ingsun),
sami’tu (ngerungu sopo ingsun). Nahwu : ‘alimtu zaidan qooiman (aku
yakin bahwa zaid itu berdiri)
4. Na’at inggih
puniko isim ingkang anut dating man’ut (perkawis ingkang dipun anut) ing dalem
babagan 4 (sekawan) perkawis, inggih puniko ;
Ø I’rob-ipun
Rafa’, nahwu
: jaa zaidun al ‘aaqilu (zaid yang berakal itu sudah datang),
nashob, nahwu : roaitu zaidan al ‘aaqila (saya melihat zaid
yang berakal), khfadz (jer),nahwu : marortu bizaidin al ‘aaqili
(saya berjalan bertemu dengan zaid yang berakal),
Ø Ta’rif-ipun
Isim
Ma’rifat (isim
ingkang sampun dipun mangertosi kahananipun) puniko wonten werni 5 (gangsal)
inggih puniko : isim dlomir nahwu ana (saya), anta (kamu)
lan lentu-lentunipun, isim ‘aalam (isim ingkang tedah makna
barang/perkawis wonten ing ngalam dunyo) nahwu : zaidun (zaid),
bakrun (bakar), makkata (makah), ‘umaru (umar) lan
lentu-lentunipun, isim isyaroh (isim ingkang kengge isarat) nahwu
: hadza (inilah), dzalika (itulah) lan lentu-lentunipun, isim
ingkang kepanjingan al ta’rif nahwu al baitu (rumah itu), al masjidu
(masjid itu), al ghulaamu (ghulam itu), al fulaanu (fulan itu)
lan letu-lentunipun, isim ingkang mudhof dating kalimah isim ingkang lentu nahwu
baitu zaidin (rumah zaid), abuu bakrin (ayah dari bakar), ibnu
ihsaanin (putra dari ihsan), baitul maal (rumah harta) lan
lentu-lentunipun.
Isim nakiroh (isim ingkang maknanpun sumerambah)
dateng jenis “mboten tertentu dateng setunggal jenis” nahwu : rojulun (lelaki),
baitun (rumah), jamiilun (bagus) lan lentu-lentunipun. Dene
pelanggeranipun isim nakiroh inggih puniko pundi-pundi wonten kalimah isim
patut menawi dipun panjingi al (alif laam).
Ø Tadzkir-ipun
Mudzakkar
inggih puniko isim
ingkang tedah makna jaler “laki-laki” nahwu : jaa a zaidun al ‘aaqilu
(zaid yang berakal itu sudah datang), roaiturrojulal kariima
(saya melihat lak-laki yang mulia)
Muannats
inggih puniko isim ingkang
tedah makna estri “perempuan” nahwu : roaitul muslimaati ashsholihaati
(saya melihat beberapa orang muslim (pr) yang shollihah), marortu bihhindin
al ‘aaqilati (saya berjalan bertemu dengan hindun yang berakal)
Ø Tafrid-ipun
Mufrod inggih puniko isim ingkang tedah
makna setunggal nahwu marortu birojulin kariimin (saya berjalan bertemu
dengan laki-laki yang mulia) “lafadz kariimin dados na’atipun lafadz
rojulin”
Tasniyyah inggih puniko isim ingkang tedah
makna 2 (kaleh) nahwu : laqoitu birojuulaini karimaini (saya berjumpa dengan
dua orang laki-laki yang mulia keduanya) “lafadz kariimaini dados na’at
saking lafadz rojuulaini”
Jama’ inggih puniko isim ingkang tedah
makna kathah (tigo sak peminggah) nahwu : roaitu zaidiina kaarimiina (saya
melihat zaid banyak yang mulia semuanya) “lafadz kaarimiina dados
na’atipun lafadz zaidiina”
5. ‘athof
inggih puniko isim ingkang dipun anutaken dateng isim ingkang dumawah
sakderangipun mawi perabot (huruf) ’athof. Dene huruf athof puniko wonten 10
(sedoso) inggih puniko ;
Ø Wawu, nahwu : jaa a zaidun wa ‘amrun (zaid dan umar sudah datang)
Ø Faa’, nahwu : roaitu zaidan fa bakron (saya melihat zaid lalu
saya melihat bakar)
Ø Tsumma, nahwu : marortu bizaidin tsumma bakrin (saya berjalan
bertemu zaid lalu bakar)
Ø Au, nahwu : jaa a ahmadu au khoolidin (ahmad atau kholid sudah
datang)
Ø Am, nahwu : jaa at hindun am faathimatu (hindun atau Fatimah
sudah datang)
Ø Immaa, nahwu : al insaanu immaa rojulun waimmaa nisaa’un (manusia
itu adakalanya laki-laki dan adkalanya perempuan)
Ø Bal, nahwu : ma jaa a zaidun bal ‘amrun (zaid tidak datang
melainkan umar)
Ø Laa, nahwu : roaitu bakron laa abaaka (saya melihat bakar, bukan
ayahmu)
Ø Laakin, nahwu : laa yaquumu zaidun lakin bakrun (bukanlah zaid
yang berdiri melainkan bakar)
Ø Hattaa, nahwu : akaltussamakata hattaa ro’saha (saya memakan ikan
sampai kepalanya)
6. Taukid
inggih puniko isim ingkang kangge ngiataken guneman mawi perabot (huruf)
taukid. Dene huruf taukid puniko wonten 4 (sekawan) inggih puniko:
Ø Nafsun, nahwu : roaitu zaidan nafsahu (saya melihat zaid
sendirian)
Ø ‘ainun, nahwu : jaa at hindun ‘ainuha (diri hindun sudah datang)
Ø Kullun, nahwu : jaa al qoumu kulluhum (qoum itu sudah datang
semuanya)
Ø Ajma’u, nahwu : roaitul qouma ajma’uhum (saya melihat qoum itu
seluruhnya)
Lafadz
ingkang waget nggantosi lafadz ajma’u inggih puniko : akta’u, abta’u, absho’u.
semua lafadz tersebut mempunyai makna yang sama yaitu seluruhnya.
7. Badal inggih
puniko setunggalipun isim ingkang manut dateng mubdal minhu (isim ingkang dipun
badali) kanthi mboten mawi perabot (huruf). Dene tarkib badal puniko wonten
werni 4 (sekawan) inggih puniko :
Ø Badal syaik minasysyaik utawi dipun sebat badul kull min kull inggih puniko
setunggalipun kalimah ingkang badalipun puniko termasuk kahananipun mubdal
minhu. Nahwu : jaa a zaidun akhuuka (zaid “saudara laki-laki kamu” sudah
datang)
Ø Badal ba’dl min kull inggih puniko setunggalipun kalimah ingkang badalipun
puniko setengahipun bagian saking mubdal minhunipun. Nahwu : akaltussamakata
tsulutsahu (saya memakan ikan sepertiganya)
Ø Badal isytimaal inggih puniko pundi-pundi badal ingkang kawontenan badal
puniko dipun wengku wonten mubdal minunipun. Nahwu : nafa’a zaidun ‘ilmuhu (ilmu
zaid itu dapat bermanfaat)
Ø Badal gholath inggih puniko tarkib badal ingkang lepat ngangge artos bilih
badalipun puniko mboten kahananipun utawi setengahipun bagianipun mubdal
minhunipun. Nahwu : rokibtu zaidan alfarosa (saya naik zaid (kuda))
* Bab Manshubatil Asmaa
Isim ingkang
dipun nashobaken puniko wonten 15 (gangsal welas) inggih puniko ;
1. Maf’ul bih
inggih puniko kalimah ingkang dipun nashobaken ingkang dumawah saksamppunipun
pendamelanipun fa’il. Nahwu : rokibtul farosa (saya naik kuda).
Maf’ul bih puniko wonten werni 2 (kaleh) inggih puniko isim dzohir, nahwu :
rokibtul farosa (saya naik kuda) lan isim dlomir. Isim dlomir
puniko wonten werni 2 (kaleh) inggih puniko muttashil lan munfashil, dene
dlomir muttashil kadosto : fatahanii (mbukak ing ingsun), fatahaka
(mbukak ing siro), fatahakum (mbukak ing siro lanang akeh)
lan lentu-lentunipun, lan dlomir munfashil kados : iyyaaya (ing ingsun),
iyyaanaa (ing kito), iyyaaka (ing siro lanang siji), iyyaakuma (ing
siro 2 (loro)), iyyaakum (ing siro lanang akeh) lan
lentu-lentunipun.
2. Mashdar
inggih puniko isim ingkang dipun nashobaken ingkang dumawah kaping tigonipun
tashrif kalimah fi’il. Mashdar puniko wonten werni 2 (kaleh) inggih puniko
lafdzi lan maknawi. Ingkang lafdzi kados lafadz : qotaltuhu qotlan (aku
membunuhnya dengan sebenar-benarnya membunuh) “mashdaripun rupi lafadz
qotlan sami kalian fi’ilipun inggih puniko qotaltu”, dene ingkang maknawi
kados lafadz : jalstu qu’uudan (saya duduk dengan sebenar-benar duduk) “mashdaripun
rupi lafadz qu’uudan mbenteni fi’ilipin inggih puniko jalastu, ananging
nggadahi makna ingkang sami inggih puniko Lungguh”
3. Dzorof
inggih puniko pundi-pundi kalimah ingkang nedahaken makna zaman (dzorof
zaman)/panggenan (dzorof makan). Dzorof zaman kados lafadz : akaltu lailatal
itsnaini (saya makan pada malam senin), dzahabtu minalbaiti bukrotan
(saya pergi dari rumah pagi-pagi sekali), al insaanu la yahyaa Abadan
(manusia itu tidak hidup selamanya). Dene dzorof makan kados lafadz : al
ustaadzu amaamashshinfi (guru itu di depan kelas), qumta ‘indii
(kamu berdiri di desampingku), jalasa zaidun ‘alal kursiyyi (zaid
duduk di atas kursi)
4. Chaal inggih
puniko isim ingkang nerangaken setunggalipun isim ingkang tasih samar
tingkahipun, chaal puniko kedah isim nakiroh lan edah tumibo sak sampunipun
sempurnanipun kalam. Nahwu : laqoitu ‘abdallohi rookiban (saya
bertemu abdullah naik kendaraan), jaa at faathimatu rookiban (Fatimah
datang dengan naik kendaraan), jaa a zaidun syaakhishon (zaid
datang dengan sendirian)
5. Tamyiz
inggih puniko isim ingkang mertelaaken kahananipun (dzat) isim ingkang samar
lan kedah tumibo nakiroh lan sak sampunipun sempurnanipun kalam. Nahwu : thooba
muhammadun nafsan (diri Muhammad itu baik sekali), isytaroitu
tsalaatsan kitaaban (saya membeli tiga buah kitab), zaidun akromu
minka aban wa umman (ayah dan ibu zaid itu lebih baik daripada kamu)
6. Istisnaa’ inggih
puniko pengecualian/penjabaan, huruf ingkang kangge perabot istisnaa’ puniko
wonten 8 (wolu) inggih puniko : illa (kejobo/kecuali), ghoiru
(sakliane/selain), siwan (selain), suwan (selain), sawaaun (selain), kholaa
(selain), ‘adaa (selain), chaasyaa (selain). Istisnaa’ ngangge illa puniko
naliko kalamipun kalam taamm muujab (kalam ingkang sepi saking naïf) puniko
istisnaa’ipun kedah nashob. Nahwu : qoomal qoumu illa zaidan (qoum
itu berdiri kecuali zaid), dene menawi kalamipun puniko kalam manfi (kalam
ingkang dipun kawiti huruf naïf) puniko istisnaa’ipun kenging dipun rafa’aken
lan dipun nashobaken. Nahwu : maa qoomal qoumu illa zaidan/zaidun
(qoum itu tidak berdiri kecuali zaid), dene menawi istisnaa’ mawi
kholaa, ‘adaa lan chasyaa puniko kengng dipun nashobaken lan kenging dipun
jeraken. Nahwu : qoomal qoumu chasyaa zaidan/zaidin wa ‘adaa bakron/bakrin
wa kholaa ihsaanan/ihsaannin (qoum itu berdiri kecuali zaid,
bakar dan ihsan)
7. Laa linafyil
jinsi. Nahwu : laa rojula filbaiti (tiada seorangpun di dalam rumah),
laa ilaaha illallohu (tiada tuhan selain Allah)
8. Munadaa
inggih puniko setunggalipun perabot ingkang kangge pengundang. Dene isim
ingkangdipun nashobaken mawi munaada puniko wonten 3 (tigo) inggih puniko ;
Ø Isim nakiroh ghoiru maqshudah inggih puniko rupi isim nakiroh ingkang
mboten dipun sejo, nahwu : yaa rojulan aqbil (wahai lelaki
menghadaplah)
Ø Mudlof. Nahwu : yaa rosulallohi (wahai utusan Allah)
Ø Syibhul mudlof. Nahwu : yaa thooli’an jabalan (wahai orang yang
naik gunung)
9. Maf’ul min
ajlihi isim utawi mashdar ingkang dipun nashobaken tur dumawah pendamelan.
Nahwu : qumtu ijlaalan lizaidin (saya berdiri karena mengagungkan
zaid), waqofta ihtirooman libakrin (kamu berdiri karena
memuliakan bakar)
10. Maf’ul
ma’ahu inggih puniko isim ingkang mertelaaken setunggalipun kalimah ingkang
dipun nashobaken tur dipun lampahi sareng-sareng kalian fa’il. Nahwu : jaa al
amiiru wal jaisya (raja itu datang bersama-sama dengan tentaranya)
11. Kangge nomor
11 lan nomer 12 inggih puniko khobaripun kaana sak sederekipun lan inna sak
sederekipun. Dene kekalihipun sampun katerangaken wonten ing bab ingkang sampu
kliwat.
* Bab Makhfudlotil Asmaa
Isim ingkang
dipun jeraken puniko wonten 3 (tigo) inggih puniko ;
1. Dipun jeraken
mawi huruf inggih puniko sedoyo kalimah isim ingkang dipun jeraken mawi huruf
jer, mudz lan mundzu. Nahwu : jalastu ‘alal kursiyyi (saya
duduk di atas kursi), ji’tu mudz/mundzu yaumil jum’ati (saya
datang sudah dari hari jum’at)
2. Dipun
jeraken mawi idloofah puniko dipun bagi dados 2 (kale) inggih puniko ;
a) idlofah
dipun kira-kiraaken laam, nahwu : maalu zaidin (harta zaid) “dikira-kira
maalu lizaidin [harta milik zaid]”.
b) idlofah
dipun kira-kiraaken min, nahwu : baabu saajin (pintu kayu jati) “dikira-kirakan
baabun min saajin [pintu dari kayu jati]”
3. Dipun
jeraken mawi tawabi’. Dene tawabi’ puniko ugi sampun katerangaken wonten bab
ingkang sampun kliwat inggih puniko na’at, ‘athof, taukid lan badal.
Wallohu a’lam bissowab
Menawi taksih wonten kekurangan, harap dipun maklumi
Alhamdulillahirobbil'aalamien
karya lwustho❛B❜El_Laskar-saksak'E
al mas'udiyyah

Tidak ada komentar:
Posting Komentar